Rabu, 06 Maret 2013

Legenda Gunung Brintik (Semarang)

Ana wanita sing mapan ana gunung ing wewengkon Semarang. Wanita mau rupane ayu, sekti mandraguna, rambute brintik mula papan mau banjur katelah Gunung Brintik. Gunung mau gawat kaliwat-liwat, prasasat ora ana sing wani ngambah. Mula wit-witane gedhe-gedhe ngrembuyung nambahi singub. Dene wanita sing mapan ing gunung mau dening wong-wong sakiwa tengene papan mau ngarani kanthi sebutan Nyai Brintik. Kasektene Nyai Brintik mau warisan saka Patih danureja saka Kraton Wengker. Patih Danureja nate tapa ing guwa sing ana ing Gunung Brintik nganti seda. Setemene anggone marisi ora sengaja, jalaran Nyai Brintik among nemokake buku sacedhake papan kanggo tapan mau. Kanthi nyinau buku mau Nyai Brintik tambah kasektene.
Sanajan wis sekti Nyai Brintik ora Duwe rasa marem, dheweke isih kepengin nambah kasektene kanthi ngumpulake maneka werna pusaka kraton, kadhang kala kanthi colong jupuk, ngrampok lan tumindak wengis liyane. Pekerti mangkono iku sing nyebabake wong-wong padha wedi. Sawijining wektu Kraton Demak lagi nganakake jamasan pusaka kraton sing dipandhegani dening Sunan Kalijaga. Nanging, wektu iku Sunan Kalijaga ora bisa rawuh mula sing mandhegani Sunan Muria. Pusaka sing dijamasi yaiku Keris Sangkelat lan Keris Pasupati sing kawentar ampuhe. Kaya upacara adat kraton liyane akeh kawula sing padha teka, kalebu Nyai Brintik. Amung sakedhepan Nyai Brintik mencolot lan ngrebut keris loro banjur mencolot kaya thathit ilang.
Sang nata banjur utusan Senopati nguyak Nyai Brintik. Anggone nguyak tumuju menyang Semarang. Tumeka dalan Senopati diwenehi weruh manawa sing nggawa keris kraton iku Nyai Brintik saka Gunung Brintik. Nyai Brintik seneng atine bisa nyolong pusaka ampuh loro cacahe. Pusaka banjur kasimpen ing guwa, sawise metu, jebul prajurit Demak wis ngepung guwa mau.
Ora watana suwe ana pawongan sing mbrabawani, “Heh Nyai Brintik, yen kepengin slamet balekna keris mau”. Krungu diprentah Nyai Brintik saya tambah muntab karo nendhang pawongan mau. Pawongan mau malah meneng semedi nganti boal-bali anggone nendhang pranata sing ditendhang wis ganti wujud wit gedhe. Suwe-suwe Nyai Brintik ora Duwe daya kekuwatan. “Satemene kowe kuwi sapa ki sanak?’ karo sajak lemes tanpa daya. “Mangertia aku iki Sunan Kalijaga, kowe dadi wong sekti aja takabur, aja dumeh kuwat, nanging saiki kowe ora duwe daya. Mangertia sanajan kowe sekti, nanging isih ana sing ngungkuli kasektenmu. Wis tekan titi mangsane kowe dadi wong sing andhap aso raja mburu menangmu dhewe”. Nyai Brintik sanalika sungkem banjur mbalekake keris loro. Wiwit kadadean iku Nyai Brintik dadi siswane Sunan Kalijaga, kajaba pinter uga salehah lan seneng terulung marang sapadha-padha. Sawise mati Nyai Brintik dikubur ana ing Gunung Brintik sacedhake Bergota.

4 komentar:

  1. Ooo ngono to kisahe gunung brintik. Cilik anku neng bergoto kono. SD neng SDN Gunung Brintik Pangudi Luhur. Tapi sejak umur 7 th, melu Transmigrasi neng Kal-Teng. Mugo2 konco2 cilik ku ndisik podo sukses..

    BalasHapus
  2. http://taipanqqculinary.blogspot.com/2018/02/sedang-diet-ini-jenis-pancake-yang.html
    http://taipannnewsss.blogspot.com/2018/02/pasangan-ldr-tetap-dapat-rayakan.html
    http://taipannnewsss.blogspot.com/2018/02/jomblo-enggak-bakal-ngenes-kalau.html

    QQTAIPAN .ORG | QQTAIPAN .NET | TAIPANQQ .VEGAS
    -KARTU BOLEH BANDING, SERVICE JANGAN TANDING !-
    Jangan Menunda Kemenangan Bermain Anda ! Segera Daftarkan User ID nya & Mainkan Kartu Bagusnya.
    Dengan minimal Deposit hanya Rp 20.000,-
    1 user ID sudah bisa bermain 7 Permainan.
    • BandarQ
    • AduQ
    • Capsa
    • Domino99
    • Poker
    • Bandarpoker.
    • Sakong
    Kami juga akan memudahkan anda untuk pembuatan ID dengan registrasi secara gratis.
    Untuk proses DEPO & WITHDRAW langsung ditangani oleh
    customer service kami yang profesional dan ramah.
    NO SYSTEM ROBOT!!! 100 % PLAYER Vs PLAYER
    Anda Juga Dapat Memainkannya Via Android / IPhone / IPad
    Untuk info lebih jelas silahkan hubungi CS kami-Online 24jam !!
    • WA: +62 813 8217 0873
    • BB : D60E4A61
    • BB : 2B3D83BE
    Come & Join Us!

    BalasHapus
  3. SIA TITanium-ART
    SIA TITanium-ART is an advanced graphite finish manufactured with state-of-the titanium glasses frames art titanium dioxide sunscreen materials damascus titanium for manufacture of graphite for the SIA silicone dab rig with titanium nail TITanium-ART titanium armor Graphite.

    BalasHapus